Nyuwun Sepura - Minta Maaf - Apologize

Kula mboten saged nembung basa Jawa alus, mangkane blog niki kula tulis nggango basa Jawa ngoko. / Saya minta maaf, saya tidak bisa berbahasa Jawa halus, maka blog ini saya tulis dengan bahasa Jawa ngoko / paling kasar. / Forgive me, I can't write or speak in High Javanese Language, so I write in simple Javanese.

Minggu, 13 Maret 2011

Anduk Spider-man




Anduk iki gunane kanggo nutupi irunge awake dhewe lek numpak sepeda motor. Aku tuku sing ono gambare Spider-man.

Helem Spider-man



Pas berangkat kerjo, ndik daerah Perak, Suroboyo, ono wong sing nduwe helem gambar Spider-man, yo tak foto. Tapi aku durung nduwe barange, dadi tak golongake 'gambar digital'ku ae.

Hadiah soko koncoku ndik Fesbuk (Facebook)

Hadiah iki tak tompo soko koncoku ndik FESBUK (facebook), jenenge MR. KENTHUS GAMBAR UMBUL. dikirim menyang omahku, dino Seloso, 18 Januari 2011. Matur nuwun, Mr. Kenthus!













Sampeyan saged ninggali Kolektor Gambar Umbul ing fesbuk PENGGEMAR GAMBAR UMBUL DI FACEBOOK!

Gambar-gambar umbul ugo tak gawekno blog dewe, ndik kene.

Aku uga nulis ning HUBPAGES, nganggo boso Inggris, tapi yo angel tenan, lek ora pener ditolak, dikongkon baleni maneh.

Ayo, sopo maneh sing arep maringi aku hadiah kanggo tak koleksi ????

Fotoku sik kelas 6 SD



Iki foto perpisahan wektu aku sik kelas 6 Sekolah Dasar, kiro-kiro tahun 1980. Aku lungguh ndodok, foto bareng konco-koncoku, guru-guru lan poro wali murid.

Iki foto almarhum papahku, bareng wali murid liyane.



Iki fotoku pas umur 12 taun.



Tulisan iki uga tak terbitno ndik blog kanggo almarhum wong tuoku. lan blog keluargaku ndik Wordpress.

Selasa, 01 Maret 2011

Kasur ono gambare Spider-man



Pas mlaku-mlaku karo bojoku, Susana Suprihatin, aku nemukno kasur sing ono gambare Spider-man, yo langsung tak foto ae. Koleksiku sing khusus 'Spider-man', tak tulis ndik blog ini.

Kucing baterai Eveready



Iki gambare superhero kucing ndik baterai merek "Eveready".